Thursday 11 June 2015

Sinopsis Cerkak : Mitra Sinarawedi


          Gita mono mitra rakete Jatmiko rikala isih bocah ngati dewasa. Bocah loro iku isih dadi siji nganti nunggal kutha, Jatmiko nerusake ana ing IKIP dene Gito ana UNDIP, nganti dadi sarjana bocah loro iku ya bisa bareng. Ora kaya padatane sawetara dina iki Gito ajeg nyambangi Jatmiko dene tekane mesthi wayah bengi jam sanga pas.
Wayah iku Gito nyambangi omahe Jatmiko. Suwe ora ketemu apa maneh biyen mitra raket, akeh banget pitakonan sing ditakokake Jatmiko marang mitrane iku. Ananging Gito mung legeg meneng wae sinambi nggresah unjal ambegan. Udakara suwe Gito banjur mbukani guneman lan njaluk tulung Jatmiko supaya cepet ngrampungake cerkak sing isine nyritakake uripe Gito. Gito banjur nyritakake dheweke omah-omah entuk randhane wetan kali sing arane Istiati banjur diboyong lunga menyang Jakarta. Dheweke nyambut gawe ana ing perusahaan gedhe. Istiati mono randha kembang sing rupane ayu tur seneng macak dene ora bisa ngendhit sakabehing butuhan lan pepenginan. Ora dirasa wancine wis ngancik jam sewelas wengi. Gito banjur menyat saka lungguhe sinambi pamitan.
Rong dina sabanjure, pas jam sanga bengi Gito teko maneh banjur takon cerkake wis dadi apa durung karo ngojahi Jatmiko. Amarga krungu omongane Gito, Jatmiko dadi emosi banjur mangsuli santak karo menthelengi Gito. Amarga nalikaing praupane mitrane saya suwe ora wujud jalaran gluprut rah, Jatmiko mbengok sakayange sabanjure nggeblak ora eling lan langsung semaput ing jogan.
Bojone Jatmiko banjur bengak-bengok njaluk tulung amarga krungu suarane Jatmiko mbengok kaya wong kesurupan. Ngerti-ngerti Jatmiko wis dirubung wong pirang-pirang. Jarene Jatmiko kesurupan amarga saka anggone seneng nggawe critasing sarwa ngolah jagading lelembut saengga Jatmiko kesurupan. Jatmiko banjur diseneni karo bojone lan ora bisa merem nganti sesuk. Jatmiko alon-alon tangane nyandak koran sing ditinggal kancane rikala mbengine mertamu ing omahe. Koran weton wulan kang wis kepungkur. Kang ana kabar kecilakaan sepur. Jatmiko banjur kaget amarga maca ing kono katulis salah sijining korban kang tiwas ngenggon yaiku jenenge mitrane.



Unsur Intrinsik :
1.      Tema :
2.      Latar :
-         Papan : Omahe Jatmiko
-         Wektu : Jam sanga bengi
3.      Watak :
-         Jatmiko :
-         Gito :
-         Istiati : boros
4.      Alur : Alur maju



No comments:

Post a Comment